Selasa, 19 Agustus 2014

PIDATO PERINGATAN HARI KEMERDEKAAN REPUBLIK INDONESIA 17 AGUSTUS YANG KE 69 TAHUN 2014 BAHASA JAWA BUAT SEKOLAH DASAR

 

TANGGAP WACONO
PANGETAN DINTEN KAMARDIKAN
REPUBLIK INDONESIA 17 AGUSTUS 2014


Asasalamu’alaikum wr.wb

Kakak-kakak pembina ingkang satuhu kinurmatan. Kadang-kadang panggalang ingkang bagyo mulyo. Wonten ing dinten meniko sedoyo Banga Indonesia sami mengeti salah satunggaling Dinten Agung inggih meniko Dinten Ulang Tahun Proklamasi Kemardikan Negari Republik Indonesia ingkang kaping 69 (sewidak sanga).

Kanthi menika kita tansah ngaturaken puji miwah syukur wonten ngarsanipun pangeran (Alloh) ingkag maha mirah awit nikmat ingkang sampun keparingaken dhateng Bangso Indonesia arupi kamardikan saking cengkraman penjajah, salebetipun Tigang Atus Seket Tahun.

Kita sami, tentu taksih enget bilih rikolo Tanggal 17 Agustus 1945 wanci tabuh 10 (sedoso) Kamardikan Negari Republik Indonesia dipun Biwarakaken dateng sakindhenging Bawono saking gedung Pegangsaan Timur Jakarta, dening Bung Karno Hatta.

Kamardikan rikala semanten mboten arupi bebingah lan kito tampi mekaten kemawon, namung kamardikan kita tampi kanthi perjuangan lan lelabuhan ingkang peng-pengan saking poro  pahlawan lan  sedoyo bangsa Indonesia, ugi perjuangan liwat forum politik.

Dumugi sak punika sampun 69 (sewidak sanga) tahun. Kamardikan Bangsa Indonesia, mapinten-pinte kewontenan sampun kita lampahi. Pramilo ing wekdal menika kita kantun ngisi kamardikan kanthi ningkataken pembangunan sae pembangunan material ugi pembanguna spiritual.

Ugi sampun dados jejibahan lan tanggel jawab kita sesarengan kangge nglajengaken semangat perjuangan, greget ‘ 45 (empat lima) ingkang makantar-kantar lan sengkut kanggo ngisi kamardikan kanthi pembangunan wonten sedoyo bidhang, murih kesejahteraan, kemakmuran Bangsa Indonesia saget kasembadan.

Kemakmuran tangeh badhe kito cepeng menawi kita mboten mbudidoyo kanthi semangat ingkang makantar-kantar utawi peng-pengan.

Engkang kedah kito enget bilih kamardikan ingkang kita tampi mboten sanes amargi rohmat lan Nikmat ingkang dipun paringaken saking Alloh dateng Bangsa Indonesia. Tanpa nikmat lan rahmat saking Alloh mboten badhe kamardikan kito tampi.

Pramila saking punika kita minangka Bangsa Indonesia ingkang sampun dipun warisi saking poro pejuang ingkang sampun ngrumiyini seda kedah gadhah, greget mbangun, greget nyambut damel (makaryo), greget sinau murih kasembadan dumadosing Negari Ingkang adil lan makmur kanthi kedadosan UUD 45 lan Pancasila.

Ing wusana, sumangga kita mahargyo Pengetan Dinten Kamardikan Negari Republik Indonesia ingkang kaping 69 (sewidak songo) menika kanthi raos suka lan greget ingkang makantar-kantar.

Mekaten mugi Alloh SWT paring rohmat lan Barokah dumateng kita sedoyo Bangasa Indonesia. Amin.

Wassalamu’ alaikum wr. wb

PIDATO PERINGATAN HARI KEMERDEKAAN REPUBLIK INDONESIA 17 AGUSTUS YANG KE 69 TAHUN 2014 BAHASA JAWA BUAT SEKOLAH DASAR Rating: 4.5 Diposkan Oleh: Unknown

0 komentar:

Posting Komentar